Jumat, 21 November 2014

Begini Jadinya Jika Pasukan Gegana dari Madura


Untuk refresh sebentar, bukan bermaksud merendahkan, mungkin begini kejadian nya kalau yang jadi pasukan Gegana nya orang Madura. Sory ini bahasa jawa Sobat,hehe

Mat Rodji polisi Gegana asli Bangkalan lagek njinakno BOM.
“Kijang 1 nang Kijang 2 yok opo kondisi ndik kono, …GANTI “
“Siap Ndan, aku lagi ngadep BOM niki pak Komandan, mohon Instruksi, GANTI”.
“Bagus, sak iki bersihno disik area sekitarmu Brig”.
“Siap Ndan…”
GAK SUWE…
“Lapor Ndan, areal wis bersih, GANTI”
“Bagus, sak iki fokus ambek BOM, pirang menit maneh sisa waktune Brig?”.
“Waktu itungan mundur 00:05:15 Ndan”.
“Berarti waktumu 15 menit maneh Brig, cepet buka tutup BOM nganggo obeng”
“BOM wis dilokalisir Ndan, onok 4 kabel, mohon instruksi Ndan”.
“OK, kethoken kabel sing BIRU”.
“Siap Ndan”
“Yok opo, wis mati BOM e Brig..???”.
“Durung Ndan, malah tambah cepet waktu mundure”
“Lho, gak salah tah sing mbok kethok, sing kari kabel warna opo ae ???”.
“Abang, Ireng karo Biru Ndan”
“Gemblung kowe, kok sik onok sing BIRU ??”
“Siap Ndan, birune onok loro, BIRU LANGIT karo BIRU DAON”
“Guoblog, daun iku warnane IJO, dudu BIRU, dasar gemblung”
“Tapi nang desaku warnane BIRU DAON Ndan”
“Yo wis sak karepmu, berarti sing mbok kethok mau kabel IJO, dadi mempercepat waktu BOM njeblug, ngerti…!!!”
Ndik radio krungu si Brigda wis panic
“Kondisi darurat, daruraatt.., daruraaattt…, BOM 15 detik maneh njeblug,
Ndan, mohon instruksi !!!”.
“Yo wis, sak iki tirokno ae omonganku yo!”.
“Siap Komandan…!”.
“Lha ilaahailallaaah….., ping telu !!!”
JEGLEEERRR………

0 komentar:

Posting Komentar